pring reketeg gunung gamping ambrol, ati kudu teteg ja nganti urip ketakol…. pring reketeg gunung gamping ambrol, uripa sing jejeg nek ra eling jebol…. pring deling, tegese kendel lan eling… kendel marga eling, timbang nggrundel nganti suwing pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg… rejeki seret, rasah dha buneg pring ori, urip iku mati…. kabeh sing urip mesti bakale mati pring apus, urip iku lampus….. dadi wong urip aja seneng apus-apus pring petung, urip iku suwung…. sanajan suwung nanging aja padha bingung pring wuluh, urip iku tuwuh… aja mung embuh, ethok-ethok ora weruh pring cendani, urip iku wani… wani ngadepi, aja mlayu marga wedi pring kuning, urip iku eling…. wajib padha eling, eling marang Sing Peparing pring iku mung suket, ning omah asale seka pring, usuk seka pring, cagak seka pring, gedhek iku pring, lincak uga pring, kepang cetha pring, tampare ya mung pring…. kalo, tampah, serok, asale seka pring…. pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring…. mangan enak, mancing iwa...